SUSUB LANDEP


Urip ning kene, kaya kari sedepa
segara wis dadi comberan banyumata
sawah dirubung wereng geseng, mrenganga
sedalan-dalan papan reklame gawe nelangsa
lenga lantung, bensin lan solar nyumpeli dada

Urip ning kene, kaya sejagat godhong kelor
awak mlarat-bantat, kari selembar celana kolor
mana-mene mentog, sikil mung bisa selonjor
srengenge gerumpung, ozone krowak umeb bocor
angin molak-malik, zaman wis sulaya lan kotor

Urip ning kene, kebebeng-peteng kaya ning jero bui
sing gedhong pemerentah, sira keranjingan dadi memedhi
bli rumangsa gawe sengsara, mledingi silit bari mungkur ati
rayat jejemplingan dianggep radio bodol, dijejeli kancing kemiti
usus-buntu kebek paku, weteng busung segunung kaya kebo mati

Ning kulon, wong-wong bli wirang dadi bunglon
ning wetan, wong-wong medheni kaya merkayangan
ning lor, wong-wong pada mringis gemuyu matae bolor
ning kidul, wong-wong krasak-krusuk ngeramped persis bedul
aja brisik, weru bli? Kabeh dadi susub landep: ngerampok negara!
Share on Google Plus

About ridwan comunity smpn 6

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.

0 komentar:

Post a Comment